Langsung ke konten utama

Tugas Basa Jawa Lan Critaku

PISAH KARO SAHABAT 
 Ing sawijining sekolah, ana 4 bocah wadon manis kang sahabatan.  Jenenge yoiku Melan, Fina,Illa, lan Ema. Cah wadon papat mau kui dijuluki 4Sekawan.
Dhek pas masa masa ujian nasional kelas 6, Illa wes nggawe keputusan arep ninggalake sahabat kang ditresnani  sokolah ing Medan, amerga wong tuane dipindah tugaske ing Medan.
" Emma, Melan, Fina, koe emang kancaku kang paling apik, lan kang paling aku tresnani. Maturnuwun yo koe wes gelem ngancani separo  uripku  ing dunya, maturnuwun koe wes biso nggawe aku ngrasake seneng''  Ujare Illa sinambi nangis.
" ora popo to la, awak dhewe yo tresna banget  karo koe la" ujare Fina.
'' La ngopo to kok koe biso ngomong koyo ngono? " ujare Melan bingung.
Banjur Illa njelaske kadadeyan kang sebenere.
"Lebar perpisahan SD,  Bapakku entuk tugas ing Medan, mula aku kudu melu wong tuwaku menyang Medan, lan aku sekolah ing kana, hiks,hiks" ujare Illa karo neteske tangis.
Sakwise krungu penjelasane Illa kang arep dipindah, Melan, Fina, lan Emma uga melu nangis kejer. Sopo seng ora kejer cuba di tinggal sahabat kang banget banget di tresnani, opo maneh ing Medan.
 Amarga arep pisah, 4Sekawan mutuske arep ngisi dina dina sedurung Illa mangkat kanggo dolan bareng.
Ing sawijining dina, dhek cah papat mau kae dolan bareng, dumadakan ibune Illa ngundang Illa dikon bali.
" Illa, ayo bali, mbantu bapak karo ibu mberesi barang barang kang arep digawa menyang Medan " ngendikane ibune Illa.
Lan sakwise Illa diundang, Illa langsung bali menyang ngomahe.  Tapi, Melan ora tega ndelokke Illa bali, banjur Melan ngajak sahabat sahabate menyang ngomahe Illa.
" Emma, Fina, opo koe tega ndelok Illa lunga ninggalke awak dhewe? '' pitakone Melan karo nangis.
" Aku ki yo sakjane ora gelem, tapi yo arep piye maneh, wong wes keputusane wongtuwane Illa yowes , awak dhewe ora biso nyegah." ujare Emma.
'' Yowes nek ngono ayo mangkat menyang omahe Illa! " ujare Fina.
Saktekane ing omahe ila, Fina, Emma, lan Melan ora biso nahan tangis. Dina kang ora dikarepke wis teka. Barang barang kang arep digawa wes mlebu mobil kabeh, Illa wis nggendong tas kesayanagne lan nyekeli hp kanggo kabar kabar. ikilah pertrmuan terakhire 4Sekawan.
" La, koe ojo lali karo 4sekawan yo la..  " ujare Fina nangis.
" iyoo la, koe neng Medan jogo awak tenanan yo la, nek wes duwe kanca anyar ojo egois, ojo lali karo seng nang kene " ujare Fina.
" muga muga kowe kerasan ing kono, la.. hiks,hiks aku sayang koe la hiks" ujare Emma  karo nangis kejer.
Banjur 4Sekawan pelukan lan nangis bareng.
" Emma, Melan, Fina, koe tetep sahabatku kang paling api, kang paling kau tresnani. tean kapan wae, aku tetp kelingan karo oe, sesuk nek aku ana wektu aku tak dolan mrene maneh. Nek koe kangen karo aku, kan koe isih biso komunikasi karo aku liwat facebook, twitter, sms, lan liyane to? " ujare Illa karo nangis.
lan akhire, Illa mlebu mobil banjur dada karo sahabat sahabate, karo tetep neteske tangis. kawit kui, 4Sekawan ora tau ketemu maneh aro Illa. Senajan ora ketemu, 4Sekawan tetep komunikasi. sahabat emang konco kang paling setia. Senajan sahabat adoh jarake karo awak dhewe. Tapi ati tetep nyatu. lan tetep ngrasakke senajan adoh.

gambar : itu adalah fotoku bersama 4Sekawan saat perform di TP *eh 
Illa-Fina (gek sayahen)-Melan-Emma (saya)

Cerita diatas adalah tugas guru B.Jawa , MEMBUAT CERKAK :D

 

Komentar

YANG HITZ